Rabu, 10 Agustus 2011

Bahasa Jawa, Tembung Jawa, Ngoko, Krama, Krama Inggil

Ing jaman sakniki ingkang dipunarani kanthi jaman modern utawa jaman globalisasi. Kahanan budaya wonten Indonesia, inggih uga Bahasa Jawa tansaya katilep. Sakniki mboten kados jaman kapengker ingkang para tiyang jawa migunakaken bahasa Jawa wonten padinan. Sakniki kathah sanget para pamuda ingkang saged migunakaken bahasa Walandi nanging kanthi saged bahasa menika, Piyambakipun supe kaliyan Bahasa Jawa. Samana uga kaliyan tiyang sepuh ing jaman sakniki, katah tiyang sepuh ingkang wonten ing Jawa, mboten muruki putranipun kanthi Bahasa Jawa. Saengga mboten luput ing jaman sakniki satunggaling Bahasa Jawa ingkang umum dipunagem inggih menika Bahasa Jawa kanthi tembung ngoko.
.
Sakjatosipun Tembung Bahasa Jawa menika kaperang dados 3 perangan inggih menika :

1. Tembung Ngoko

Inggih menika tembung bahasa Jawi ingkang dipunagem wonten padinan kaliyan tiyang ingkang sami umur utawa sebaya ingkang sapun akrab kalihipun.

Tuludha : Aku wis mangan 
              Kowe tangi turu.

Tembung Ngoko sakjatosipun tembung ingkang sanget gampil wonten babagan Bahasa Jawa ananging tembung niki ngemu teges ingkang mboten sae dipunkandhakaken dhumateng tiyang ingkang langkung tuwa utawa langkung inggil derajatipun kados tiyang sepuh lsp.

Tembung iki saged dipunagem kagem :
a. tiyang ingkang sak umur /utawa sabaya ingkang sami akrab.
b. tiyang ingkang sepah kaliyan tiyang enem
c.ratu marang kawula / tiyang ingkang agung marang tiyang andap.


2. Tembung Krama Madya uga dipunarani Krama mawon.

Inggih menika tembung bahasa Jawi ingkang langkun prayogi katimbang tembung ngoko, dipunagem wonten padinan kaliyan tiyang ingkang anem kaliayan ingkang langkung sepuh. kados lare kaliyan bapak utawa ibu.

Tuladha : Sampeyan badhe kesah wonten pundhi?
              Kulo badhe budhal saking sekolahan sakniki.

Tembung iki saged dipunagem kangem :
a. Tiyang enem kaliyan tiyang sepuh
b. anak kaliyang tiyang sepuh

3. Krama Inggil 

Inggih menika tembung bahasa Jawi ingkang dipunagem wonten padinan kaliyan tiyangingkang langkung luhur derajatipun utawa tiyang sawiji kaliyan tiyang ingkang kathahkados pidato.

Tuladha : Panjenengan kersa ingkang pundhi?
              Ibu saweg tindhak peken, 

Tembung iki saged dipunagem kagem :
a . tiyang sawiji kaliyan tiyang kathah
b. tiyang ashor kaliayan tiyang ingkang luhur

Sakjatosipun perangan menika sedaya taksih wonten peranganipun malih ananging kula rasa cukup semana. Mbok bilih wonten klenthunipun sumonggo sami ngaturi wonten "komentar"  ingkang wonten blog niki.

Pungkasanipun atur monggo kita sareng-sareng sami nguri-uri kabudayan jawi ingkang sampun katilep jaman menika. Kanthi ngagem bahasa jawa.


Kesulitan mengartikan dalam bahasa indonesia, kami bantu lewat terjemah ke dalam bahasa Indonesia. Untuk download terjemahnya versi Indonesia klik di sini 
atau melalui link download di bawah ini :

ini hanya catatan kecil saya....
(agusrahmata@gmail.com)

1 komentar:

NIce post boss... kunjung balik ya.... http://7ruh.com/

Posting Komentar

Silahkan Kritik dan Saran Anda Tuliskan Pada Formulir Komentar di Bawah Ini

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More