Jumat, 12 Agustus 2011

Pidato Bahasa Jawa Dalam Resepsi Penikahan, Ngamayobaygo Pinangaten, Pidato Wakil dari Pemilik Hajat, Penyambutan Tamu

Pidato Ngamayobaygo Pinangaten Kanthi Talanging Atur
Pernikahan adat Jawa Tengah

assalamu'alakum wr. wb.

Bapak Lurah saha para punggawaning desa ingkang kulo tansah hormati.
Dhumateng ngarsanipun para sesepuh pinisepuh ingkang kinurmatan.
Ingkang kula hormati bapak-bapak, ibu-ibu ingkang sampun rawuh.
Semana uga para taruna ingkang kula tresnani
Mboten kesupen dhumatheng pinanganten kekalih ingkang suka bagya ing manah.


       Langkung rumiyen sumangga kita sesarengan munjukkaken raos puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Alloh SWT, awit saking nugrahanipun, katitik kita saged kempal saperlu angestreni undanganipun Bapak Agus Susilo ing enjang menika. Awit wonten enjing menika Bapak Agus Susilo saweg kagungan hajat nun inggih malakramiaken putrinipun ingkang asma Ika Latri daup kaliyan putranipun Bapak Santoso ingkang sangking tlatah Kalasan Magelang ingkang asma Bayu Adi. Pramilo sumonggo raos syukur kita ikaraken kanthi waosan kalimatutahmid .. ... alhamdulillah .....


       Ingkang kaping kalihipun, sholawat saha salam kita haturaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad saw. mugiya kita pikantuk pitulunganipun wiwit saking dunya langkung-langkung wonten ing akhirat samangke.


            Saklajenginpun keparenga kula matur dhumateng para rawuh sedaya. Kula cumanthaka matur ngadek jejer wonten  ngarsanipun panjenegan sedaya sakperlu mundhi dhawuh saking kadang sepuh kula inggih menika Bapak Agus Susilo saperlu matur wonten ngarsanipun panjenengan, awit saking mongkoking manah, Bapak Agus Susilo mboten saged matur wonten ngarsanipun panjenegan.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kulo hormati.....

Kula minangka talanging atur saking Bapak Agus Susilo.....

         Ingkang kaping setunggal kula ngaturaken sugeng rawuh sedaya kemawon ingkang kersa mbucal wekdal, ngidhangaken panggalih sakperlu angrawuhi undanganipun Bapak Agus Susilo.
Ingkang angka kalih, Bapak Agus Susilo ngaturaken agungipun pangapunten mbok bilih anggenipun nampi para rawuh sedaya, caos pakurmatan, palenggahan, minggahing pasugatan kirang trapsila kaliyan kalungguhanipun para bapak utawa ibu, lumatar saking kula, Bapak Agus Susilo ngaturaken agunging pangapunten.


         Dene ingkang angka tiga, Bapak Agus Susilo nyuwun dhumathen para rawuh idi pangestunipun, mugi-mugi putranipun kekalih ingkang lajeng kaijabaken saged to dados kaluwarga ingkang sakinah, mawadah, warrohmah allohumma.. amien...

         Para rawuh ingkang kula hormati

Kados namung mekaten atur saking kula, menawi wonten klenta klenthunipun atur kula, anggenipun nyilari Bapak Agus Susilo. Kula nyuwung lumunthuring sih samudra pangaksami.
Wassalamu'alaikum wr. wb.


terjemah Bahasa Indonesia

Assalamu'alaikum wr. wb. 

Bapak lurah beserta perangkat desa yang kami hormati
Kepada para orang yang mulia yang kami hormati
Yang kami hormati Bapak-bapak, ibu-ibu yang telah hadir.
Begitu juga dengan pemuda-pemudi yang kami sayangi
Tidak lupa kepada dua pengantin yang bahagia di dalam hatinya.

Pertama, mari kita bersam-sama mengucapkan rasa syukur kita kepada Alloh SWT, karena atas rahmatnya yang diberikan kita dapat berkumpul dengan tujuan menghadiri undangan dari Bapak Agus Susilo pada pagi hari ini. Karena pada pagi hari ini Bapak Agus Susilo sedang mempunyai hajat yaitu menikahkan putrinya yang bernama Ika Latri dengan putra dari bapak Santoso dari Kalasan Magelang yang bernama Bayu Adi. Oleh karena itu mari rasa syukur kita ucapkan dengan kalimatuttahmid .... alhamdulillah. ..

Yang kedua, sholawat dan salam, kita sampaikan kepada pemimpin kita Nabi Muhammad saw. Semoga kita mendapat pertolongannya di dunia ini, terlebih lagi di akhirat yang akan datang.
Selanjutnya, Perkenankanlah saya berbicara kepada hadirin disini. Saya berdiri di hadapan anda semua dengan tujuan meyampaikan pesan dari saudara saya yaitu Bapak Agus Susilo untuk berbicara kepada anda semua karena kurang percaya diri di hati bapak Agus Susilo tidak bisa berkata pada anda semua.

Hadirin bapak dan ibu yang saya hormati.....
Saya sebagai wakil bicara dari Bapak Agus Susilo ...

Pertama, saya ucapkan selamat datang kepada anda semua, yang mana sudah bersedia membuang waktu, dan berbesar hati untuk menghadiri undangan Bapak Agus Susilo.

Kedua, Bapak Agus Susilo meminta maaf kepada anda semua yang telah hadir disini, bila dalam menyambut kehadiran, memberi penghormatan, tempat duduk, serta hidangan tidak sesuai dengan kesopanan yang ada, Melalui saya bapak Agus Susilo minta maaf yang sebesar-besarnya.

Yang ketiga, Bapak Agus Susilo meminta doa dari anda, semoga anak yang di nikahkan nanti bisa menjadi keluarga yang bahagia, kasih mengasihi dan rukun.Allohuma amien ....

Hadirin yang saya hormati 

Sepertinya hanya ini yang dapat saya ucapkan, jika terdapat kesalahan ucapan dari saya dalam mewakili bapak Agus Susilo. Saya minta belas kasih permohonan maaf dari anda.

wassalamu'alaikum wr wb.

1 komentar:

Gan, ane minta tolong buatkan penyambutan para guru2 yang hadir dirumah kita, dngan topik lahirnya anak pake bahasa jawa kromo inggil
Thanks before

Posting Komentar

Silahkan Kritik dan Saran Anda Tuliskan Pada Formulir Komentar di Bawah Ini

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More