Kamis, 08 September 2011

Ningali : Buku Kawruh Bahasa Jawa | Review : Buku Kawruh Bahasa Jawa

              Kitha ingkang wonten tanah jawi sampun paham kaliyan Bahasa Jawa, ananging ing jaman sakniki kahanan Bahasa Jawa tansah sampun dipuntinggalaken dening para kawulo ingkang sami muda. Jalaran saking mekaten sakniki katah tiyang jawi ingkan mboten saged guneman ngagem Bahasa Jawa kanthi trep wonten adab.


       Sakniki namung Bahasa Jawa kanthi tembung Ngoko ingkang tansah wonten ing padinan. Kanthi mekaten monggo kita tansah sareng-sareng nguri-nguri Bahasa Jawa kanthi  sinau maleh Bahasa Jawa ingkang sampun katilar. 

Kados pundhi kitha saged nguri-nguri babagan Bahasa Jawa kaliyan Kabudayan Jawa?
Kulo anggenipun nulis artikel niki inggih taksih sinambi sinau ngagem Buku Kawruh Pepak Bahasa Jawa. Buku niki saged kitha agem minangka kangge kitha mudi kawruh bahasa Jawa.

Ing buku menika kitha saged mangertos mapinte-pinten kawruh ingkang gegayuhan kaliyan Bahasa Jawa ugi Budaya Jawa. Kadosto :
Jenenge Anak Kewan
Jenenge Gaman Kewan
Jenenge Turunan Kewan
Jinise Wit
Jenenge Panggonan
Tembung Camboran
Bahasa Krama
Wayang 
Aksara Jawa lansak panunggalipun.

Kathi mekaten kita saged mangertosi Bahasa Jawa kaliyan Budaya Jawa ugi , nanging kitha kedah sregep anggenipun sinau utawa belajar. 



(agus rahmat alhaqiqi)

jika ada yang salah harap komentar.

0 komentar:

Posting Komentar

Silahkan Kritik dan Saran Anda Tuliskan Pada Formulir Komentar di Bawah Ini

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More